ING kahanan kang ruwet lan I sarwa ngewuhake iki, wis samesthine menawa wong padha sambat lan ngresula. Reregan barang kebutuhan padinan kang saya larang, kisruh ing babagan peprentahan, korupsi ing sadhengah Iinstansi, bencana alam lan liya-liyane gawe susahe masyarakat, luwih-luwih masyarakat lapisan bawah utawa wong cilik. Sambat lan pangresula mau ora ana salurane, awit wakiling rakyat ora pati ngrungokake lan aweh kawigaten marang sesambat lan pangresula mau. Saluran kang mampet mau njalari anane demonstrasi ing sadhengah papan.
Sambat lan pangresula iku mujudake wedharing pangunek-unek lan panalangsa. Sambat lan pangresula mau pancen ora bisa ngrampungake prekara, nanging kanthi mengkono pangunek-unek lan panalangsa mau wis diwedharake. Ya mung sambat lan pangresula kuwi yen keblabasen banjur ora ana gunane. Terkadhang malah gawe rugi yen ora diterusake srana pangupaya utawa pangrekadaya. Sesambat lan pangresula iku bisa nuwuhake rasa pesimis, nuwuhake panganggep menawa ruwet-rentenging urip iki ora bisa diudhari. Pesimisme mau bisa dadi pepalang tumuju marang tumindak kanggo mbecikake kahanan.
Ngadhepi ruwet-rentenging urip, manungsa kudu tansah tawakal lan ngupaya bisane uwal saka reruwet mau. Wong liya sing disambati uga padha duwe prekara dhewe-dhewe, dadi curhat marang wong liya sok ora ana gunane, amarga mung ngudhal-udhal kekurangan lan karingkihane dhewe.
Dadi yen curhat ya kudu milih-milih sapa sing kirakira cocok dicurhati. Yen sambat awake ora kepenak apike ya sambat marang dokter. Yen sambat utawa curhat bab liya-liyane, ya kudu marang wong-wong sing kira-kira mumpuni ngudhari prekara-prekara mau. Yen ora milih-milih wong, bisa bae sing dicurhati malah nyokurake sing curhat utawa nyritakake rahasiane sing curhat marang wong liya.
Ana prawan sing telat umure nanging durung ketemu jodhone, curhat karo sawenehing dhukun. Prawan mau karo dhukun diajak nindakake upacara-upacara sing tundhone aweh kalodhangan tumrap dhukun mau kanggo tumindak ìcabulî karo prawan mau. Sing dikarepake prawan mau ora bisa ketekan, malah prawan mau ora mung kelangan dhuwit nanging uga kelangan sakabehe. Iku curhat utawa konsultasi sing ora ngati-ati, sing tundhone malah gawe luwih sengsara.
Ngadhepi ruwet-rentenging urip wis samesthine menawa wong banjur sambat lan ngresula, ananing sabisa-bisa aja nganthi kelangan kapercayan marang awake dhewe. Menungsa aja bangetbanget olehe pesimistis, sabisa-bisa kudu tetep PD.
Ya marga anane PD mau manungsa bisa ngonceki kahanan lan nyiagakake tumindak kang premati.
Kakehan sambat lan pangresula iku pada karo ora ngaturake suka-syukur marang Sing Gawe Urip. Manungsa kudu tansah bersyukur, supaya tawakal lan ora kelangan rasa PD-ne. Kanthi mangkono manungsa bisa ngudhari sakehing prekara sing diadepi.